Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

10+ Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Berbagai Tema

Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Berbagai Tema
Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Berbagai Tema
Pidato bahasa Jawa atau disebut juga dengan Sesorah dalam bahasa Indonesia berarti menyampaikan sebuah gagasan ataupun informasi dengan menyampaikannya di depan banyak orang untuk tujuan tertentu.

Sama halnya dengan pidato berbahasa Indonesia, inti dari sesorah juga banyak kesamaannya, yang berbeda hanyalah bahasa sesorah yang menggunakan bahasa Jawa.

Sesorah bisa dikatakan sebagai pidatonya orang Jawa karena itu sesorah dikenal juga dengan sebutan pidato bahasa Jawa. Sesorah atau pidato bahasa Jawa ini pada umumnya dilakukan pada acara tertentu, biasanya pada acara yang diadakan oleh warga pedesaan yang masih kental dengan adat Jawa, acara sekolah, maupun acara lainnya.

Namun, sering kali sesorah atau pidato bahasa Jawa juga diadakan di sekolah di acara tertentu. Nah, pada kesempatan ini kita akan memberikan salah satu contoh sesorah atau pidato bahasa Jawa dengan berbagai tema.

Untuk cara mennyampaikan sesorah atau pidato bahasa Jawa dapat dilakukan dengan berbagai cara, berikut 4 jenis cara menyampaikan sesorah atau pidato bahasa Jawa yang umum dilakukan:

1.  Menyampaikan sesorah atau pidato bahasa Jawa dengan metode hafalan
Metode ini dilakukan dengan terlebih dahulu membuat teks pidato (sesorah) yang kemudian teks trsebut dihafalkan sampai dikira cukup hafal untuk disampaikan nantinya. Memang metode ini cukup sulit, sebab manusia sendri rawan lupa.

Yang perlu kamu lakukan untuk dapat menghafal, kamu juga perlu memahami arti dari sesorah tersebut. Jika begitu menghafal sesorah tidak akan terasa sulit lagi.

2. Menyampaikan sesorah atau pidato bahasa Jawa dengan metode naskah atau teks
Metodeini dilakukan dengan terlebih dahulu membuat teks pidato (sesorah), kemudian teks tersebut dibawa dan dibaca saat menyampaikan sesorah.

Metode ini untuk menghindari kesalahan dalam menyampaikan sesorahh, sehingga tujuan sesorah dapat disampaikan sengan baik. Metode ini biasa dilakukan di acara resmi, piidato kewarganegaraan,dal lain sebagainya.

3. Menyampaikan sesorah atau pidato bahasa Jawa dengan metode dadakan
Cara ini merupakan cara yang paling sulit yaitu dengan cara spontanitas. Dalam melakukan metode dibutuhkan pengalaman serta wawasan yang luas untuk disampaikan saat menyampaikan sesorah.

4. Menyampaikan sesorah atau pidato bahasa Jawa dengan metode membawa catatan kecil (Ekstemporan)
Metode ini dilakukan dengan membawa catatan kecil yang berisi garis besar materi sesorah yang berguna untuk pengingat dalam menyampaikan sesorah, sehingga saat menyampaikannya pidato tidak lepas dari materi yang hendak disampaikan.

Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Berbagai Tema:

1. Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Pendidikan
Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Pendidikan
Kanca-kanca ingkang kula tresnani,
Pamucalan utawi pendidikan anggadahi manfangat kunjuk kita sedaya, pendidikan umumipun kawitan wanci satiyang punika dipunlairaken lan tansah mlampah salebeting kita gesang wonten donya menika. Hal menika amargi pendidikan mboten namung kawujud pendidikan formal kemawon, ananging langkung saking menika pendidikan ugi njangkep dening sedaya pengalaman ingkang kita lampahi wonten salebeting gesang.

Sinaosa wanci menika pendidikan formal sampun kathah dipun cawisaken wonten sekitar kita, ananging pendidikan ingkang sejatosipun mboten namung saking pendidikan formal kados sekolah lan perguruan tinggi. Kawontenan menika saestu sanget wigati tumrap kita sedaya amargi pendidikan anggadahi tujuan kathah kagem kita sedaya, wondene manfangat pendidikan kirang langkung saget kula aturaken mekaten:

Setunggal, Ngebaki kebetahan elmi uga pangasumerepan tumrap manungsa.
Kalih, Mujudtaken pepengin kita sedaya utawi cara Indonesianipun cita-cita.

Tiga, Nggampilaken pendamelan kita sedaya.
Sekawan, Nampa elmi ingkang badhe kita sedaya betahaken konjuk masa ngajeng kita.
Gangsal, Nambah wawasan ingkang langkung wiyar konjuk pangertosan kita sedaya.

Kanca-kanca ingkang bagya mulya,
Wonten ngandap wau namung sekedik tujuan saking pendidikan, langkung malih saking menika pendidikan ugi nggadahi manfangat tumrap kita sedaya ingkang kirang langkung kados mekatan.

Setuggal, Nyiapaken para wiranem konjung nepeng peran tertemtu salebet masyarakat masa ingkang badhe datheng.

Kalih, Marisaken elmi ingkang cocog kaliyan peranan kesebat saking tiyang sepuh dhateng para wiranem.

Tiga , Marisaken kabudayan kagem njagi katentreman saha kewutuhan masyarakat ingkang dados syarating mutlak kunjuk kelajengan bangsa lan negari Indonesia.

Para kanca ingkang kula tresnani,
Mbok bilih namung mekaten atur kula wonten ngarsa panjenengan sami. Kathah kalepatanipun saestu nyuwun lilane panjenengan paring pangapunten.


2. Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Hari Kemerdekaan
Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Hari Kemerdekaan
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija dalasan karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah wonten ngarsanipun dalem Allah SWT, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged kempal wonten ing papan mriki, saperlu hangrawuhi adicara pengetan dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia. Wonten ing mriki, kula badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia.

Kita sedaya mangertos, bilih atusan warsa kita dipunjajah dening bangsa Walanda. Rakyat dipundamel ajrih saha nampi kasangsaran amargi kajajah. Kanthi landhasan tekad saha raos handarbeni dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados saged mardika. Kawontenan menika saged kaleksanan rikala dinten Jumat tanggal 17 Agustus 1945. Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka dinten kamardikan bangsa kita, kangge pepeling saha mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi pengurbananipun para pahlawan ingkang sampun gugur kangge kamardikaning bangsa kita.

Awit saking menika kula panjenengan sami kedhah tansah ngaturaken raos syukur awit kanugrahan kasebat. Raos syukur menika antawisipun kawujudaken kanthi acara jalan santai sesarengan satunggal RW, ngecet gapura, pasang umbul-umbul, pasang lampu maneka warni, ugi kerja bakti lingkungan kanthi masang aksesoris merah putih. Lomba ingkang dipunwontenaken, antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, nedha krupuk saha sanes-sanesipun.
Adicara inti dipunwontenaken tirakatan wonten ing malem tanggal 17 Agustus wonten ing pawiyatan kita menika. Pramila saking menika, kula saha panjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur ugi nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados bangsa kita menika dados bangsa ingkang langkung sae.

Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah anggen kula matur. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.

3. Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Kesehatan
Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Kesehatan
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Dumatheng para rawuh ingkang bagya mulya,
Wonten kasempatan menika kawula badhe sekedhik caos wedaan babagan kasarasan. Kasarasan nggih menika kawontenan sejahtera saking tiyang saupakara jasmani kresaa rohani. Kasarasan ugi ngrupikaken anugrah saking Allah SWT kersanipun kita sedaya saged nglampahi kegiatan. Kita sedaya ugi kedah saged ngreksa kasarasan salira kita piyambak-piyambak sadereng telat, amargi wonten pepatah ingkang ngendikakaken menawi “mencegah langkung sae tinimbang ngobati”.

Menawi kasarasan kita sedaya tetep kereksa, mila kita sedaya saged numindakaken aktivitas sadinten-dinten kanthi lancar amargi teng lebet salira ingkang waluya wonten jiwa ingkang kiyat ugi. Dadosipun kita sedaya saged njejer prestasi langkung kathah malih kagem masa ngajeng bangsa kita sedaya amargi Bangsa ingkang kiyat yaiku Bangsa ingkang sehat. Menawi rakyat sehat mila setunggal bangsa badhe dados sehat ugi kiyat, mekatena sawalikipun, rakyat ingkang kathah sesakitan mila bangsa badhe dados lemah.

Sagung para rawuh ingkang kinurmatan,
Menggah ing mapinten-pinten perkawis ingkang kedah dipuntumindakaken kagem njaga kasarasan, salah satunggalipun nggih menika olahraga. Olahraga ngrupikaken perkawis paling gampil kagem dipuntumindakaken kersanipun salira tetap sehat. Tuladhanipun kados senam utawi nitih sepeda. Olahraga nggina ngirangi risiko kenging sesakit jantung, stroke, ugi diabetes.

Kajawi olahraga, kita sedaya ugi kedah ngasringaken pola dhahar sehat, nggih menika kaliyan upakara dhahar dhaharan ingkang bergizi seimbang, ngandung serat, ugi zat-zat ingkang dibetahaken dening badhan. Kados ta karbohidrat, vitamin, protein, mineral, ugi sekedhik lemak mboten jenuh, utawi langkung saenipun kawastanan kaliyan 4 sehat 5 sempurna. Kaliyan ngasringaken pola dhahar sehat badan badhe waras, nyegah keleman, ugi tebih saking penyakit.

Ingkang kaping tiga nggih menika ngaso, kathah saking kita ingkang langkung migatosaken panyambut damelanipun saking wonten ngasonipun. Dadosipun salira kraos lemes ugi kesel. Mila saking punika saribet punapaa padamelan kita sedaya, sepetaken kagem kendel.

Dados pelajar, kita sedaya saged ngugenanipun kaliyan perkawis-perkawis kaliyan mbentuk pola sugeng ingkang disiplin, kados ta kaliyan ngreksa pola sare ingkang cekap udakawis 6 dumugi 8 jam, siram ugi sarapan ingkang mboten lumangkung sadereng sekolah kersanipun mboten kraos ngantuk wonten kelas, ugi kala ngaso utawi istirahat jajan dhaharan ingkang resik ugi sehat. Anjuran menika ugi saged ditrapaken dening sedaya tiyang.

Para rawuh ingkan sinuba ing pakurmatan,
menggah saking mapinten-pinten perkawis ingkang kedah dipuntebihi kersanipun badan sehat, nggih menika nebihi ses/ rokok ugi unjukan keras (alkohol). Satiyang ingkang ngeses (merokok) saged kenging sakit paru-paru, jantung, kanker, ugi tunggalipun. Sawentara punika, priyantun ingkang ngunjuk unjukan keras utawi alkohol badhe wuru, keresahinipun sistem saraf, sistem kekebalan badan, malah saget ugi kenging sakit jantung. Satiyang ingkang sampun nyobi kagem ngeses ugi unjuk unjukan keras badhe rumaos ketagihan. Menawi ngrumantosi ketagihan, priyantun kesebat badhe bergantung kaliyan ses kresaa unjukan keras kala masa sugengipun.

Mekaten ugi kaliyan Narkoba kaliyan dampak negative majeng kasarasan ingkang umum. Mila, ampun pisan-pisan kita sedaya nyobi perkawis kesebat amargi sampun kathah korban – korban ingkang kemriksa dening kita sedaya akibat pangginan barang haram kesebat.
Panutup

Mekatena pidato ingkang saged kawula aturaken, mugi-mugi saged nggina kagem kita sedaya ugi mugi-mugi Allah SWT tansah ngreksa kasarasan kita sedaya. Nyuwun pangapunten menawi wonten klintu tembung, amargi kawula namunga manungsa ingkang mboten luput saking kalepatan. Inggil mirenganipun kawula aturaken sembah nuwun.

Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

4. Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Bahaya Narkoba
Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Bahaya Narkoba
Assalamu’alaikum Wr Wb
Dumateng pangarsanipun Bapak Kepala Sekolah SMP Negeri 1 Solo ingkang kinabekten,
Bapak Ibu guru pawiyatan SMP Negeri 1 Solo ingkang saestu sunuba ing pakurmatan;
Saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Mangga kita sedaya sami ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun nglimpahaken kanikmatan-Ipun saingga kita sedaya saged ngempal wonten mriki kanthi lancal lan mboten wonten alangan satunggal menapa.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dumatheng nabi junjungan kita sedaya, nabi agung, nabi mulia, nabi Muhammad SAW, kaluarganipun, para sahabat uga pandherekipun ngantos akhir zaman.
Sagung para rawuh ingkang kinurmatan,

Pidato bahasa jawa bahaya narkoba wonten injing menika keparenga kula matur ing ngarsa panjenengan sami satunggaling sesorah kanthi irah-irah “Bahayane Narkoba”. Ananging sakderengipun mbok bilih anggen kula matur samangkih kathah kalepatan lan kekeliruan saestu kula nyuwun pangapunten.

Sagung para rawuh ingkan bagya mulya,
Kados menapa ingkang kita sami mangertosi bilih narkoba menika dados satuggaling momok kang saestu mbebayani dening kita sedaya langkung-langkung sakabehi bangsa Indonesia. Sinaosa Badan Narkotika Nasional utawi BNN sampun sae anggenipun ngemban amanah kagem mbrantas penyalahgunaan narkoba ananging dugi detik menika taksih kathah masyarakat ingkang ngginakaken obat terlarang menika kagem tujuan ingkang klentu. Hukom ingkang mlampah ing Indonesia kadose dereng ndamel sedaya pelaku ajrih dumateng hukuman menika.

Mila saking menika, wonten kasempatan menika ugi kula ngemutaken dumateng pribadi kula piyambak dalah para rawuh sedaya bilih Narkoba lan zat adiktif sanesipun saestu anggadahi dampak negatif ingkang kathah. Mboten namung ngrugekaken para panggina ananging ugi saged ngrugekaken sanak kadang, rencang, ugi nagari Indonesia.

Tumindak-tumindak pengginaan narkoba kewau sejatosipun saged sami kita cegah sesarengan. Nderek kegiatan sosial ingkang manfaat, ngindari pergaulan kaliyan panggina utawi pengedar narkoba ugi sami-sami ngadelaken iman lan taqwa datheng ngarsa dalem Allah SWT saestu saged nyegah pangginakan narkoba.

Sekolah utawi pawiyatan kados sekolah kita menika ugi sampun nyukakaken penyuluhan dhateng kita sedaya babagan bahaya uga akibat saking panggina narkoba. Program benten ingkang cekap wigati ugi sampun kathah, kados program waspaos Narkotika kaliyan cara nepangi ciri-ciri siswa ingkang ngginakaken narkoba.

Konjuk punika sumanggaa kita sedaya sami-sami nebihi saha ndherek memberantas pangginan narkoba. Mekaten pidato bahasa jawa bahaya narkoba ingkang saged kula aturaken, menawi enten kalepatan ing sedayanipun, saestu kula nyuwun pangapunten.

Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

5. Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Kebersihan Lingkungan
Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Kebersihan Lingkungan
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Dumateng ngarsanipun bapak kepala sekolah SMP Negeri 1 Solo ingkang satuhu kula bekteni,

Bapak ibu guru pawiyatan SMP Negeri 1 Solo ingkang pantes sinuba ing pakurmatan.

Saha dhumateng kanca-kanca kelas satunggal dumugi kelas tiga ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyen sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur datheng Allah SWT, ingkang sampun paring kesarasan, kawilujengan, saha kasempatan dumateng kita sedaya, sahingga ing injing menika kita saged makempal ing plataran sekolah supados ngawontenaken upacara bendera kados dinten-dinten senin biasanepun. Para rawuh ingkang kinurmatan, wonten kasempatan menika keparenga kula sekedik matur wonten ngarsa pajenengan sedaya kanthi irah-irah “kerisakan lingkungan”.

Bapak-Ibu ingkang kula bektosi saha kanca-kanca ingkang kula tresnani,

Keresikan lingkungan dados salah satunggaling babagan ingkang wigati konjuk kesarasan kita sedaya. Keresikan ugi anggadahi peran ingkang sanged wigati kagem nyiptakaken lingkungan ingkang nyaman kagem dipanggeni. Tentu kamawon menawi lingkungan ingkang kumuh badhe dadosaken tiyang mboten betah wonten ing papan kesebat. Mila keresikan yaiku dados satunggaling bab penting kagem mujudtaken lingkungan ingkang nyaman, klebet lingkungan sekolah kita sedaya menika.

6. Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Sumpah Pemuda
Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Sumpah Pemuda
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak/Ibu Dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Ingkang sepisan sumangga kula panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhateng Gusti Allah ingkang maha welas asih ingkang tansah paring nikmat saha rahmat satemah kula saha panjenengan taksih saged pados ngelmu inggih menika taksih saged sinau wonten ing pawiyatan kita menika.

Kaping kalih, nuwun sewu kula sampun kumawantun jumeneng wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda. Kula panjenengan sedaya tamtu sampun sami mangertos bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah satunggaling kedadosan sakral ingkang nedahaken dhateng sedaya tiyang bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadhahi semangat juang, semangat nyawiji bhineka tunggal ika, dados bangsa ingkang jumeneng kanthi jejeg.

Wondene wosipun Sumpah Pemuda inggih menika:
1.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku bertanah air satu, tanah air Indonesia
2.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
3.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia

Wosipun sumpah saha prasetya menika wajib kula saha panjenengan sedaya jagi saha dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem mujudaken gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja, adil saha sejahtera. Kita minangka siswa nggadahi jejibahan njagi semangat dalah mempeng anggenipun sinau. Minangka pemuda kita ugi kedah semangat saha sregep anggenipun nyambut damel ngisi pambangunanipun bangsa.

Menika ingkang saged kula aturaken ngengingi babagan Sumpah Pemuda. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih kathah klenta-klentuning atur kula tansah nyuwun agunging pangaksami.

Wassalammuallaikum Wr. Wb.

7. Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Kelulusan Sekolah
Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Kelulusan Sekolah
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillahi robbil’alamin, washho-laatu wassa laamu ‘ala asysyrofil ambiyaa-i wal mursaliina wa’ala aalihi wa askhaabihi ajma’in.

Asyhadu anlaa ilaaha ilallohu wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna muhammadan ‘abduhu wa rosuuluhu laa nabiya ba’dah.

Allohumma sholi’ala mukhammad, wa’ala ali mukhammad, amma ba’du.

Nuwun! Salam kasugengan, tuwin salam kawilujengan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula sumawa panjenengan sedaya Aamiin.

Panjenenganipun Drs. Soesanto pangarsanipun pawiyatan SD Negeri Keputren Pleret Bantul ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati;

Bapak Ibu guru sarta karyawan pawiyatan SD Negeri Keputren Pleret Bantul ingkang saestu pantes sunuba ing pakurmatan;

Tamu undhangan ingkang kinurmatan lan mboten saget kula piji-piji satunggal-satunggaling;

Miwah kanca-kanca kelas 6 SD Negeri Keputren Pleret Bantul ingkang kula tresnani.
Sumangga langkung rumiyen tansah ngunjukaken puja-puji syukur dumateng Pangeran Ingkang Maha Welas lan Asih, ingkang nguwaosi sedaya alam saisinipun, awit saking Welas lan Asih-ipun satemah kula sedaya saget ngawontenaken acara syukuran lulus ujian nasional kelas 6 SD Negeri Keputren Pleret Bantul ing wekdal menika.

Isi pidato bahasa jawa syukuran lulus ujian nasional (tema pendidikan)
Selajenganipun kula minangka wod-lumaraping atur para kanca pawiyatan kelas 6 SD Negeri Keputren Pleret Bantul riki keparing matur wonten ngarsanipun Bapak-Ibu guru karyawan saha para tamu undhangan ingkang kinurmatan.

8. Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Hari Kartini
Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Hari Kartini
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 1 Solo ingkang sinudarsana, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga kula panjenengan sedaya sareng-sareng ngaturaken puja saha puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha mirah, inggih awit saking kamirahanipun kula panjengan sedaya saged kempal wonten ing adicara pahargyan pengetan dinten kartini ing wekdal menika.

Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 1 Solo saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Pengetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula saha panjenengan sedaya. R.A Kartini ibaratipun kados dene sekar ingkang tansah ambabar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh labetipun R.A Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal menika upaya ingkang dipun tindakaken R. A. Kartini saged ndadosaken kangge majengipun bangsa Indonesia ingkang kita tresnani menika.

Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 1 Solo sahakanca-kanca ingkang suka ing basuki. Pancen sampun dados kodratipun wanita limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan mekaten, greget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawa lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumancep saha ngrembaka ing manahipun wanita Indonesia. Kanthi mekaten menika, sumangga para kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika ingkang tansah ngudi jati dhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.

Mugi-mugi wanita Indonesia saged gesang rukun, mat-sinamat, sih sinisihan, lan sami asah, asih, saha asuh. Cekap semanten atur kula, bilih kathah lepatipun kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalammuallaikum Wr. Wb.

9. Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Cinta Damai
Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Cinta Damai
Bapak ibu ingkang minulya,
Sekolah yaiku lembaga pamucalan ingkang sacara resmi ngawontenaken kengungkukan panyinaon kanthi sistematis, sengaja, uga terarah kunjuk ingkang dipuntumindakake dening pamucal profesional kaliyan program ingkang dituangaken lebet kurikulum kawiwit saking taman kanak-kanak ngantos guron inggil.

Sekolah nggadhahi peran sae lebet numindakake warisan ngelmu, warisan budaya, uga warisan ketrampilan. Lebet perananipun dados setunggal lembaga ingkang montenaken pamucalan formal, sekolah sakedahipun nanemaken aos-aos ingkang luhur dhateng pamawi wucal, salah satunggalipun yaiku aos tresna tentrem utawi wonten bahasa indonesia nipun “cinta damai”.

Akhir menika, kathah kedadosan tawuran terna murid ingkang tentu nggadahi dampak ingkang kirang sae. Kedadosanipun tawuran punika amargi kathah faktor kados ta amargi pengaruh kanca, kirangipun mirengan saking tiyang sepuh, lan sanes-sanesipun.

Sagung para rawuh ingkang bagya mulya,
Tiyang sepuh nggadhahi sabenan ingkang wigati lebet perkembangan lare uga kedah tetap nyukakaken wejangan dhateng anak. Kathahipun tawuran, kerengan antara murid siji lan sijini kala menika, nyukakaken sinyal dhateng tiyang sepuh menawi tiyang sepuh ugi nggadahi peran salebet pananeman aos tresna tentrem utawi cinta damai ing anak kawit awal. Pananeman raos tresna tentrem kawit awal kajengipun anak nggadhahi kelingan gesang tentreman kaliyan sesami.

Pananeman raos tresna tentrem ing anak saged dipunawiti kaliyan nepangaken anak cara kekancan ingkang sae kaliyan kanca uga tiyang benten. Mucalaken ing anak konjuk mboten mbedak-mbedakake kanca ingkang setunggal kaliyan ingkang benten, mucalaken anak konjuk mboten nggadhahi raos dendam majeng tiyang benten, mucalaken anak konjuk nggadhahi sportifitas lebet samukawis hal, mucalaken anak konjuk mboten iri kaliyan oran benten utawi kanca sanes.

Kaliyan basa tiyang sepuh ingkang saged dipunngerteni anak piyambake sedaya temtu kemawon badhe ndamel anak mangertosi. Asring ngemutaken anak lebet dolanan kados outbond badhe mucalaken ing anak menawi anak kedah bersikap sportif, anak kedah kompak kerjasama, sami mbiantu, uga gesang sareng lebet ketentreman.

Bapak ibu ingang sinuba ing pakurmatan,
Kaliyan pananeman raos tresna tentrem sekedik-sekedik ing anak badhe nyukakaken penyadaran ing anak kawit dini babagan wigatinipun gesang tentreman kaliyan tiyang benten. Uga nalika dewasa samangkih anak badhe ngelingi menawi mboten betah wonten kekerasan lan ugi tawuran konjuk saben ngrampungi masalah.

Lantaran pidato bahasa jawa cinta damai menika kula ngemutaken dumateng awak kula piyambak ugi para rawuh sedaya sumangga kita kedah langkung ati-ati anggenipun paring piwulangan tumrap lare-lare kita sedaya. Mekaten sekedik atur kula wonten enjing menika mugi dados pamriksa tumrap kita sedaya.

10. Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Kemah Pramuka
Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Kemah Pramuka
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Dumatheng ngarsanipun bapak-ibu pembimbing ingkang kinurmatan, saha kanca-kanca anggota kepramukaan ingkang kula tresnani.

Sakderengipun sumangga puji lan syukur tansah kita aturaken dumatheng ngarsa dalem Allah SWT, awit saking kemirahanipun kita sedaya saged nderek kegiatan kemah ing kasempatan menika.

Keparenga kula matur sekedik wonten ngarsa panjenengan sami babagan kemah pramuka ingkang nembe kita lampahi menika.

Sagung para rawuh ingkang bagya mulya,
Kegiatan kemah ingkang nembe kita lampahi ing salebeting tigang ndinten kawiwit dinten jumat kapengker dumugi dinten minggu samangkih sejatosipun anggadahi manfangat ingang sanged wigati tumrap kula panjenengan sedaya. Pidato bahasa jawa tentang kemah
pramuka, sinoso kegiatan kemah menika nembe kalampah satunggal dinten ananging kula pribadi ugi kanca-kanca sedaya temtunipun sampun angraosaken pripun gesang piyambak tanpa tumut tiyang sepuh wonten ndalem.

Kanthi kegiatan kemah menika mugi kita sedaya anggadahi ketrampilan uga kemandirian ingkang langkung sae tinimbang sakderengipun. Kanthi mekaten, sinaosa acara kemah sampun paripurna samangkih kita saged mbiasakaken gesang kanthi mandiri ugo ngenteng-ngentengi beban tiyang sepuh kita sedaya.

Sagung para rawuh ingkang kinurmatan,
Mbok bilih namung semanten atur saking kula. Katah lepat atur lan kirang trapsila ing manah panjenengan sedaya saestu kula namung saged nyadong agungeng pangapunten.

Kula ahiri, Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

11. Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Ulang Tahun Sekolah
Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Ulang Tahun Sekolah
Dumatheng para rawuh ingkang bagya mulya,
Dinten menika ngrupikaken dinten bersejarah kunjuk kita sedaya minangka bagiyan saking sekolah ingkang kita tresnani menika. Sampun saprayoginipun kita sedaya ngunjukaken raos puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT. Inggil kanthi izin uga ridho-Nipun kita sedaya taksih saged kepanggih uga makempal lebet kawontenan saras uga bagya konjuk mengeti ambal warsa sekolah ingkang kaping 54 menika.

Mugi-mugi Allah SWT tansah paring pengayoman konjuk sekolah kita menika wonten samenika wekdal ugi ing taun-taun ingkang badhe datheng. Mugi-mugi sekolah kita menika dados sekolah ingkang tambah kagungan kwalitas lebet era globalisasi ingkang kita sedaya majengi sakmenika.

Sagung para tamu undangan ingkang kinurmatan
Lebet proses globalisasi ingkang kita sedaya alami sareng sairing kaliyan perkembangan kamajengan nagari kita sedaya, kita sedaya temtunipun taksih kemutan kados pundi jaman rekaos sampun kita sedaya lajengi uga kados pundi sekolah kita sedaya menika saget tetep ngadeg jejeg, dadi salah satunggaling panutan lan kapercayan warga ing sekitar menika.

Saking lebeting manah, kula ngaturaken raos bingah majeng almamater kita sedaya ingkang kaliyan kebak semangat uga nyambut damel kagem kemajengan ing macem-macem aspek pamucalan khususipun ing sekolah kita menika.

Mboten kasupen ugi kula aturaken agungeng panuwun dumatheng Bapak Ibu guru ingkang sampun mbimbing, paring wejangan, saha usaha ingkang saestu mboten namung alit manfangatipun tumrap sedaya murid saha kemajengan sekolah menika.

Pungkasaning atur, kula ngambali atur wilujeng uga matur nuwun dhateng sedaya warga sekolah niki, sae siswa, staf, staf pamucal, OSIS, komite sekolah, para alumni uga warga sanesipun, menawi sedayanipun taksih kersa nyukakaken dukungan saha kapercayan konjuk sekolah kita menika.

Mugi-mugi kita sedaya saged nggayuh menapa ingkang kita sedaya karepaken. Mugi sekolah kita sedaya niki dados setunggal lembaga pamucalan ingkang saged berkiprah ing tataran regional kersaa nasional.

12. Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Syukuran
Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Tema Syukuran
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahi robbil’alamin, washho-laatu wassa laamu ‘ala asysyrofil ambiyaa-i wal mursaliina wa’ala aalihi wa askhaabihi ajma’in.

Asyhadu anlaa ilaaha ilallohu wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna muhammadan ‘abduhu wa rosuuluhu laa nabiya ba’dah.

Allohumma sholi’ala mukhammad, wa’ala ali mukhammad, amma ba’du.
Nuwun!

Para sesepuh, pinisepuh, dalah pangemban pangembating praja ingkang kinabekten,
Para alim ulama’ah almaghfirroh KH. Faziruddin ingkang satuhu kinabekten,
Para tamu undangan ingkang kinurmatan,

Sumangga langkung rumiyen tansah ngunjukaken raos puji syukur wonten ngarsa dalem Alloh SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga kula panjenengan sami saged lenggah makempal, manunggal ngrawuhi menapa ingkan dados undanganipun Romo Diharjo sakaluwarga wonten menika papan kanthi wilujeng tanpa satunggal alangan menapa.

Salawat saha salam mugi tansah katetepna dumateng nabi junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, para kaluwarga, sahabat, saha pengikutipun mugi sumrambah dumatheng kula panjenengan sedaya. Aamiin.

Salajenganipun, kados menapa ingkang sampun kaserat wonten serat ulem. Bilah panjenengan sedaya katur rawuh ing griya Bapak Diharjo kagem ngawontenaken satunggaling syukuran amargi putra mbarep saking Romo Diharjo sampun purna anggenipun pasinaon ing Universitas Gajah Mada Ngayogyakarta Hadiningrat.
Sanggayaning para rawuh ingkang bagya mulya, kula minangkani supados dados badal wakilipun Romo Diharjo, ngambali atur pambagya sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang mawantu-wantu dene panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal, ngenthengaken sarira saperlu rawuh wonten papan menika.

Salajenganipun kados sampun kapacak wonten ing serat sedhahan ingkang dados wigatosing sedya, inggah Bapak Diharjo, sakaliyan mliginipun anakmas Wikan Kusuma kados kajugrugan ing wukirsari, awit nalika surya 26 November 2015 sampun winisuda minangka Sarjana Teknik ing Fakultas MIPA UGM Ngayogyakarta Hadiningrat.

Ingkang menika bapak Diharjo sakadang gotrah tansah memuji ing ngarsanipun Gusti mugi kanthi ungguling kawasisan sarta landheping kalantipanipun anakmas Wikan Kusuma, S.T lajeng saged angsal pidamelan ingkang kados pun kersakaken. Aamiin.

Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten ingkang saged ula aturaken awit asmanipun ingkang amengku gati, pinaggih kasaring atur, lepating paramasastra tuin kiranging trapsila sowan kula, saestu tansah nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Wonten ing nginggil menika satunggaling contoh naskah pidato bahasa jawa atur pambagya syukuran. Mugi saged mumpangati tumrap kula sedaya. Kathah klenta-klentu ugi kiranging pangertosan kula saestu nyuwun pangapunten.

13. Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Perpisahan Sekolah
Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Perpisahan Sekolah
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Penutup Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Itulah beberapa contoh sesorah atau pidato bahasa Jawa. Kamu juga dapat membuat sendiri sesorah dengan tema yang lain sesuai yang kamu inginkan.

Semoga bermanfaat.

Post a Comment for "10+ Contoh Pidato Bahasa Jawa atau Sesorah Berbagai Tema"